Pustaka Ngesti Tunggal

Kawiwitan nyerat katiti: 12 Dulkaidah 1939, 26 Desember 2006, malem Rabu Pon ing Jayakarta.

BEBUKA

Purwakaning sembah konjuk ing asma dalem Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang kagungan purba wisesa lan kamulyan ingkang langgeng dumugining salaminipun, Ingkang Maha Asih, Maha Wicaksana ingkang tansah hamimbuhi sagung tumuwuh mengkoni gesang lan rumeksa sagunging dumadi. Esthining manah yektos panembah kawula namung dhumateng Panjenenganipun . Mugi keparenga panyerat kawula tinuntuna saenggo saged jumbuh ing antawisipun panguneg uneg kawula kalayan babaring seratan, ingkang satuhu minangka pisungsun kawula senadyan boten sakpintena ,katur dumateng para sutresna lampah lelampahan ngawula dumateng Gusti sarta dene maujudaken pangiketing lelampahan krana eling lan mituhu rumeksa dumateng karahayoning bebrayan sesamining dumadi.
Panyerat kawula namung mligi ngedalaken nering raos ingkang gegayutan kaliyan kapitadosan kawula ngemuti dumateng panembah lan pambudi daya murih sageda nadyanta namung sakedik urun urun mimbuhi seratan ingkang sampun wonten anggitanipunn para winasis.
Dene kawula kumowantun nyerat geguritan punika awit saking notol sanget manah kawula mbok bilih saged urun seratan sawetawis kinarya mbangun wimbuhing wawasan babagan nglestarekaken pambudi daya sempurnaning pangawulan dumateng Ingkang Murbeng Gesang.
Kejawi punika minangka atur pakurmatan kawula dumateng para leluhur, ingkang kagungan tetilaran babagan kawruh patunggilan kawujudaken wonten ing salebeting lelabetan tumrap sesamining ngagesang bebrayan wonten ing donya. Sinten mangertos ing tembe wingking kathah pigunanipun, saged hamberkahi tumraping akathah urun hanyekapi kabektahaning ngagesang ing sak rinten dalunipun
Bilih kita raos ingkang lebet bab sesambetan kaliyan lampahing ngagesang punika kenging dipun wastani kita karoban dening sihing Pangeran inggih Gusti Ingkang Maha Asih. Pramila ingkang baku prayogi kita sami tansah muji sukur.
Nanging dene boten rumiyin boten ugi sakpunika ngantos dumugining samangke yektos taksih wonten kemawon ing peranganing papan tiyang ngagesang taksih sami cecongkrahan awit dene sami rebat leres dumateng gegebengan, gegandulan tuwin tekadipun piyambak piyambak.
Kados gumelaring jagad, kawontenan panggelaring piwulang utawi dene tuntunan ingkang sami kasebat ing serat seratanipun para winasis, punika inggih sanget katah pigunanipun utaminipun tumraping gesang kita sami, murih manggih rahayu wilujeng tentrem tuwin raharja sapiturutipun. Pangawikan utawi dene pangertosan ingkang sakalangkung paripurna yektos dumunung wonten ing pangawikan pribadi
Minangka kagem lelabetan dhumateng sesama samining dumadi prayogi keparenga manjing wonten salebeting raos ingkang wening migatosaken dhumateng sabda kawedar saking teleng palimengan. Mugi punika sedaya sageda hanyocogi dumateng kita sami, kagem rumeksa dumateng karahayoning jagad krana lelabetan memayu hayuning bawana, memangun karya enak tyasing sesama, hambangun padaleman suci, nyempurnakaken panembahipun dumateng Gusti, ngemban pakaryan ingkang sayektos jumbuh kaliyan dawuh timbalaning Gusti Ingkang Maha Sempurna. Ing salajengipun dumadosa lantaran sempurnanipun anggen samya sapatunggilan.
Ing wasana sumangga keparenga maos sinambi kersoa hanaliti sarta dene paring pamrayogi murih tansaya ganep panyeratipun babagan kawruh sapatunggilan , mugi sageda dados lantaran sempurnanipun anggen kita sami ngemban dawuhing Pangeran Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.

Jayakarta, 12 Dulkaidah 1939
26 Desember 2006

A. MEMAYU HAYUNING BAWANA..

Luhuring kawruh babagan karahayon dumunung ana ing pangawikan pribadi, samubarang kalir saliring bab sabarang reh mengku kaluhuran Gusti sinawung sekar kesumastuti.

I. Pangawikan Pribadi Pambukaning Kaywanan

1. Surya kembar ing madyaning ratri, tumanduking katresnan sanyata, lelabuhan panuntune, rawuhe panunggal laku, pengadilan asmara wening, pinarcaya ing kodrat, tumuli manekung, sinerat pustaka rasa, sing prayitna lamun harsa manjing budi, memayu hayuningrat.

2. Tumurune pepakon kang jati, peparinge Kang Maha Kuwasa, minangka panunggal dzate, panyerat karya hayu, rahayune manunggal kardi, pakaryaning Pangeran, aneng budi luhur, panunggaling cipta rasa, miwah karsa panyerat pustaka iki, , mangestu hesti tunggal

3. Lelabuhan kang minangka wangsit, jumenenge Sang Saka makarya, hanglabuhi sira kabeh, marsudi budi hayu, kaluhuran sempurna jati, heninging wardayanya, hambeging aluhur, kinarya labuh Negara, marma sigra sinerat pustaka iki, dadya kawuningana

4. Kang hamaca layan kang marsudi, ing wanci iki uga binuka, kawruh pangawikan dzate, binuka telenging kalbu, pambukaning warana ghaib, kunci nanpa nugraha, sempurnaning laku, memayu hayuning jagad, Nuswantara papan panunggaling ngilmi, sempurnane ngagesang

5. Ana dene prasetyane Gusti, marang kabeh tumitah ing donya, sing pada gentur tapane, tetep ngawula laku, nulad marang citraning Gusti, kang ana ing saben titah, dadi srananipun, rahayu kang jinangka, kasembadan sasedyane hamungkasi, hayu nir sambekala.

6. Rikalane sumujud nyawiji, jumujug marang ngarsa Pangeran, Gusti Kang Maha Agunge, lega lila sedarum, datan melik mring samukawis, sakabehing lelakon, sumarah Hyang Agung, tumurune kanugrahan, hanulada pra priyagung duk ing uni, nulada laku tama.

7. Utamane wong aurip iki, tuwa anom ageng alit samya, ngetingalna labetane, hayu sesaminipun, ngesti rasa sempurneng jati, ngenut krenteging manah, suba sitanipun, ing pundi dununge gesang, kang sempurna tumeka ing zaman akhir,tentrem ing salaminya.

8. Salamine tansah mujosmedi, ing wardaya emut mring Pangeran, tan ginggang langgeng anane, duh tumitah sedarum, gegandengan zaman puniki, yen harsa urip mulya, labuhana iku, jumeneng pangawak teja, hanampani kanugrahane Sang Adil., wahyu makuta rama.

9. Mardikengrat mustikeng panunggil, katetepan nugraheng Pangeran, prayitna ing panampane, kiblat papat den ukur, lima pancer pusering budi, jembaring jagad raya, bumi langit jumbuh, sanadyan durung priksa, sayekti apa pralampiteng Sang Adil , hambega paramarta.

10. Tanda lamun kekasihing Gusti, nora mundur nadyan mung sejangkah, ngemban dawuh panunggale, memayu hayu laku, hangayomi ciptane Gusti, Ingkang Maha Kuwasa, gawe tentrem hayu, saisine jagad raya, nganggo dasar piwulang saka Sang Adil, pustaka ngesti tunggal.

11. Tunggal jati sempurneng dumadi, tunggal cipta paripurneng lampah, dumadiya saciptane, sakarsane maujud, tentrem hayu sempurna jati, anane wus tumedak, kabeh laku hayu, yen ginulang dadi srana, kabeh mau dadya tepa lan palupi , tumrap kang pada priksa.

12. .Priksanana aneng jroning ati, talitinen sajrone wardaya, sagung pakaryan wulangreh, papan dununge kawruh, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, lan pakaryanipun, dadya nyarira manunggal, tumanduke makarya sarwa utami, hayu nir sambe kala

13. Kalanggengan kang pada den udi, lelabuhan mring sesame gesang, kasempurnan dumadine, sabarang kang dinulu, kapyarsa lan ginanda yekti, rinasa jroning nala, panggraita jumbuh, panca driya sung panunggal, kaluhuran katresnan Gusti manunggil, lelangen jroning rasa.

14. Rasa jati sempurneng aurip, kinaroban marang sihing Allah, kataman branta wulangreh, hayu rahayu laku, pangawikan ingkang binangkit, ginugah mring Pangeran, Gusti Maha Agung, tetela lamun sanyata, katetepan kasempurnaning dumadi, memayu hayuningrat.

15. Ratu Adil sapa kang wus uning, keparenge Gusti Kang Kuwasa, binuka kalbu weninge, wruh saliring lelabuh, hanedakna katresnan jati, katresnan yekti bisa, gawe tentrem hayu, duh kesuma jati srana, tampanana katresnan ingkang sejati, sajiwa lan saraga.

16. Jiwa raga gumolong sesaji, hanetepi kuwajibanira, ngawula mring Pangerane, mengkoni budi luhur, patembaya suwita Gusti, tumekeng pecat Suksma, netepi mring dawuh, hanresnani Pangeran, hanetepi jejering panunggal kardi, tresna sapepadanya.

17. Nyata lamun lelabuhan suci, ingkang bisa gawe tentrem jagad, rahayu pra titah kabeh, kang kadunungan ngelmu, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, mring Gusti Maha Gung, kang mengkoni Jagad Raya, saisine kapurba wisesa Aji, Purwa Madya Wasana.

18. Wasanane wong aurip iki, dadi srana gumelaring kodrat, miturut laku jantrane, nadyan sifating Wahyu, kasempurneng urip lan pati, iku amung sarana, murih tansah hayu, kasinungan katentreman, iku wajib den persudi kanti becik, kinarya dadi srana,

19. Saranane sembada ngugemi, marang dawuhe Kang Maha Kwasa, tentrem ing lahir batine, kasinungan lelaku, guyub rukun netepi wajib, hambangun Nusa Bangsa, lan Negarinipun, murih hayu kang jinangka, lelabuhan gawe tentrem jagad iki, hayu rahayu ing rat

20. Rata waradin sajagad iki, kunci rahayu ingkang tinampa, lelabuhan panyerate, bawana gung rahayu, urip tentrem salami lami, duh para kadang ingwang, ywa kongsi kalentu, iki pepakon kang ana, den agema tumekaning zaman akhir, rahayu kang pinanggya.

II . HASTHA BRATA HANGGELAR LELABUHAN.

Saka anggone temen pamarsudine marang lelabuhan kang utama wus dadi sakmestine lan saukur senadyan wong pidak padarakan pisan kang dudu trahing kesuma rembesing madu tedaking wong mara tapa lan uga dudu tetesing handana warih kepareng marsudi lan gegulang kaya dene lakune satriya tama pangembat pusaraning praja kang sinerat aneng Hastha Brata.
Kang kapisan hambeging kisma, kapindo hambeging tirta, katelu hambeging samirana, kaping pat hambeging samodra, kaping lima hamheging candra, kaping nem hambeging baskara, kaping pitu hambeging dahana, kaping wolu hambeging kartika. Dene wredine mangkene:

1. Hambeging kisma.
• Yekti kisma tansah murah asih, marang sapa bae tan prabeda, ngatonake dedanane, samubarang tumuwuh, dadya boga sagung dumadi, sakehing tetukulan, wulu wetunipun, kisma datan karsa goroh, nadyan anggane pinulasara janmi, tetep asung sugata.
• Pinaculan dhinudhukan janmi, parandene kisma datan sambat, kepara den katonake, kamurahane atur, pepelikan mawarni warni, mas sesotya sabangsa, uba rampenipun, kaskayane kang mulasara , salawase tansah asung bulu bekti, datan kinaya ngapa,

2. Hambeging tirta .
• Lampah anoraga nering kapti, lumuh ngungkul ungkuli tumindak, lungguh jejer sesamine, hambeging tirta niku, datan ngendak guna sesami, jer tirta iku tansah, warata sedarum, anggung ngasrepi dayanya, dadya usadane kang pada salit, warata tanpa beda.

3. Hambeging samirana.
• Lampah samirana hanaliti, tansah naliti sanggya sasana, tumrap pra janma sakehe, tinaliti sedarum, kanti wradin tan wonten kari,upamane yen Nata, tumrap kwulanipun, suker sakit kinawruhan, tansah priksa dumateng kawula dasih, telaten samubarang.
• Samirana sumusup talesih, pundi papan miwah padunungan, ing gunung miwah ing ngare, lumebet ing papan sagung, saben titah betah sayekti, nadyan nora rumangsa, banget anggon butuh, murih lestarine gesang, awit lamun koncatan temah ngemasi, samirana lumawat.

4. Hambeging samodra.
• Samodra gung jembar tan upami, jembar panggalihe miwah sabar, kamot momot saliringreh, suka kingkin kepanduk, sasadone den adu manis, datan jujul tan badal, asung papan dunung, tanpa sesambat tan mothah, datan surut yen ketaman ing sak serik, sesameng dumadinya.
• Jer samodra nglangut tanpa tepi,kajogan sarah miwah prabatang, tirtaning narmada akeh, prandene kamot sagung, nora sesak mring samukawis, tan luber setitika, sarwa sarwi cukup, kang manjing jroning samodra, ora ana kang tan antuk papan yekti, kabeh pada sesinggah.

5. Hambeging candra
• Lire candra tansah hamadangi, gawe padang saindenging jagad, hambuka mring paningale, tumrap anggon lelabuh, lelabuhan marang sesami, lamun jejering nata, mring kawulanipun, tansah mardi pangawikan, layan kagunan marang kawula dasih, wulang dwija sogata.
• Samurwate dununge sayekti, kuta desa lan lengkehing harga, sadrajat lan sapangkate,pada sinung hanggeguru, pamardi putra hangulah ngelmi, murih padang wawasan, datan salang surup, wikan marang samubarang, kehing ngelmu lan kawruh lahir lan batin, sangu gesang bebrayan.

6. Hambeging baskara
• Daya kakiyatan tansah paring, marang sanggya gumelaring jagad, segara nguwab banyune, nuli dadia mendung, hangendanu udan tumuli, saka dayaning surya, kang makarya iku, buminya ginawe mekar, nuwuhake tetukulan neka warni, lelabuhan raditya.
• Sunaring baskara handayani, hanguripi sagung tetuwuhan, hangebaki jagad gede, tumrap labuhing ratu, anggung paring kakiyatan sekti, marang para kawula, pra nayaka sagung, nangkoda lan nara kisma, nara karya lan kang pada sekeng nenggih, antuk sihing nalendra.
• Pada antuk sihing Sang Narpati, minangka pawit tata niaga, senadyanta ing tembene, pinasti kudu nyaur, nanging dene srana sarenti, sawise panen tedak, wohing kardi ngunduh , hambeging raditya dadya, gegadangan sagung ingkang ngudi mukti, ngunduh wohing bebrayan.

7. Hambeging dahana.
• Yekti dahana mungkasi kardi, sakabehe lebur ing dahana, tapis gusis lebur lire, kabesmi dening latu, nora bisa selak ngoncati, tumrap lelabuhan Nata, pradata linuhung, pengadilan kang pungkasan, kudu rampung samubarang mbengkas kardi, kang hambeg paramarta.

8. Hambeging kartika.
• Sinebut uga hambeging wukir, teguh sentosa sabarang karya, tan keguh sindung riwute, ginempur maruta gung, teguh timbul lahir lan batin, tangguh tanggon tan ngedap, kartika tan keguh, bayu bajra sumiyak, nganan ngering mapan kasor prabawa di, kartika anggung karya.
• Mapan luhure kagiri giri, gegayuhan tumrap samubarang, nyempurnakna pambudine, tumrap lelabuhan Ratu, yen hanyabda kagem sanagri, saklimahe warata, sanagara sampun, tan wola wali hanyabda, kudu tetep kang dumawuh den labuhi, tan kena owah owah.

Pambegan kang wolung prekara kang pinaringan asma Hasthabrata hanggelar lelabuhan mau, kalamun anggung pinundi kanthi patitising tangguh, empan papan angon mangsa dulu marang kahanan, sayekti bisa ngirup sanggyaning kang tumingal. Iya tapak lelabuhan kang mangkono mau bisa dadi pikukuhing laku tumrap janma manungsa kabeh ing sajroning bebrayan urip ing alam donya umume, utamane kagem para satriya utama pangembat pusaraning praja kalebu para pemimpin bangsa, nganti tumeka kepala bale wisma utawa mimpin diri pribadi. Kabeh amung kinarya pikukuh murih sakabehing tumindak becik nganggo dasar tepa salira, ditepakake marang rasane dewe. Ana tetembungan ngono ya ngono nanging aja ngono, bisa dadya kasmaran mring laku kang utama, binangun ing kalbu wening

Sranane murih kasembadan panggelaring lelabuhan, becik kudu den nyatakake pribadi sarana andeling tekad. Kena den basakake, tan ana gunane ngelmu lamun tan krana laku, tan ana pigunane kitab wedha lamun datan pinarcaya. Sanadyan mangkono tinemune ing kasunyatan, uga tan wenang hanjagakake wohing pakarti.Tumrap kang wus pada pono mangulah gati, sakehing lelaku kang hangarep arep marang wohing pakarti iku, dadi pratanda kalamun durung temen panggayuhe. Jer lelabuhane ing kono isih kawoworan lan karoban dening hardaning rasa kemelikan kang dadi pratanda durung suci atine nganti tumeka pribadine Tembung temen ing kene dudu temene Guru utawa temene Gusti nanging temening pribadinira kang antuk pikukuhe Kang Maha Kuwasa. Dene Guru miwah Gusti amung saderma niteni cidra lan temening laku sawuse kabeh mau katemahan. Diupamaake kaya wong nandur wiji. Senadyan wiji becik, lemah kang ditanduri uga apik,lamun datan taberi jaga apadene ngupakara, sayekti banget anggone gampang tinerak ing hama

Sayekti karahayon peparinge Gusti Kang Hakarya Jagad winengku ing karsa luhur ngemot tuntunan suci sempurnaning dumadi mangesti tunggil, minangka dadi lantaran tumurune kanugrahan hamurwani lelabuhan luhur memayu hayuning bawana karana hamemangun karya enak tyasing sesama.

B. MEMANGUN KARYA ENAK TYASING SESAMA.

1. Katiti panyerat mami, krana sekar smarandana, minangka dadi sranane ,
minangka panggugah rasa, kagem para sutresna, ingkang marsudi rahayu, mamayu hayu bawana

2. Bawana setra binangkit, dadi srana pangribawa, netepi laku jantrane, duh sutresna mangun rasa, wengakna atinira, tampanana aturipun, pamadyaning budi tama.

3. Besuk kapan pada prapti, marak sowan mring Pangeran, kepareng nampa kuncine, dadi manungsa utama, pangesuhing pra jalma, kang pada ngudi rahayu, karyenak tyasing sesama.

4. Sesama sameng dumadi, sesami sameng manungsa, becik kepareng sumeleh, sumarah karsaning Allah, sumadya ngesti brata, tumurune wahyunipun, panetep panata gama.

5. Agama ageming Aji, sakehing para nalendra, yekti mung titah wantahe, sakabeh pra laku tama, kang tansah ngesti tunggal, iku sayekti wong agung, aneng bumi nuswantara

6. Sawatara awak mami, mung kinarya saksinira, saksi utama uripe, senadyan ta durung priksa, kang mengku uripira, iku wajib muji syukur,
marang Allah Gustinira.

7. Gusti Ingkang Maha Asih, Gusti Kang Maha Kuwasa, netepi tresna kodrate, mring sakehing cipteng gesang, kang gumelar aneng donya, gumelar sajagad agung, nyukupi mring kabutuhan.

8. Butuh apa para jalmi, kabeh mau wus gumelar, saindenging jagad gede, gumelar sajagad raya, wrata kinaya ngapa, lestarine titah sagung, urip aneng alam donya.

9. Donya brana sawetawis, dadi lantarane pada, netepi kuwajibane, nggonira manembah Allah, sadina dinanira, lan sawengi wenginipun, netepi mring kuwajiban.

10. Wajib pada bangun nagri, katarima panembahnya, menawa wus tekeng kene, sira weruh rasanira, rasanya rasaningong, rasane wong sa jagad gung, rasane wong sabuwana

11. Bawana gung bawana lit, yekti pada tanpa beda, nadyan mung setitik bae, dene yen ta ana beda, yekti mung aneng karsa, kang kawengku laku hayu, nyukupi mring kabutuhan.

12. Kabutuhan ageng alit, gumantung marang kang nedya, memangun laku uripe, gede cilike mung katon, aneng tata gelarnya, dene aneng yektinipun, yekti pada tanpa beda

13. Kang beda anane nenggih, ingkang dadi kabutuhan, tumraping pati uripe, kanggo sangu ning dedalan, netepi kewajiban, peparing Gusti Maha Gung, mrih enak tyasing sesama.

14. Sesama sameng dumadi, ngugemana mring rasanya, bungah susah sandangane, bungahe para manungsa, susahe manungsa uga, tan ginggang nadyan sarambut, yekti mlaku reruntungan.

15. Reruntungan unda ungkih, nadyan gilir gumantinya, ngenut mring kabutuhane, bungah susah mung saderma, nyukupi kabutuhan, ngibadah marang Sang Hayu, hanetepi kuwajiban.

16. Apa wajibe wong urip, gumelar ing alam donya, sumebar sajagad gede, becik tansah emut pada, anane sira gesang, minangka dadi pangesuh, paugeraning Pangeran.

17. Pangeran wus paring wajib, heh sira para manungsa, sumujuda sira kabeh, manembah marang Hyang Manon, kang paring sira gesang, tembe wingking dadi wahyu, sempurnaning kondurira.

18. Kondur ngarsane Sang Adil, ora ngasta apa apa, kang ginawa mung amale, jroning urip aneng donya, kang yekti sawatara, kena kanggo sangunipun, mulih alam kalanggengan.

19. Langgeng datan owah gingsir, tan gotang keh amalira, uga tan wuwuh anane, jenjem cukup tanpa slewah, petungane tan salah, nadyan ta amung sarambut, iku pada den emuta.

20. Emut sajroning aurip, ing donya mung sawetara, mampir ngombe upamane, becik den elinga sira, sadhar saliring lampah, tansah lelaku ngaluhur, memangun mrih tentrem samya.

21. Samya nulad mring pribadi, maos serataning Allah, jroning nala tan bedane, pepindane surya kembar, kang hamadangi jagad, jagad alit jagad agung, sayekti datan prabeda.

22. Prabedane wong aurip, yen priksa marang kawignyan, lantip mring olah rasane, bisa ngenaki mring liyan, lan bisa weh pepadang, syukur yen paring panuntun, tumuju mring kautaman.

23. Utamane wong aurip, manjinga sajroning rasa, jejer mlaku sesamine, tansaha paring pepadang, hanggelar pangawikan, murih dunung uripipun, purwa madya lan wasana.

24. Purwaning para manungsa, tinitah urip ing donya, iku sayekti karsane, Gusti Kang Maha Kuwasa, kang paring kanugrahan, nedakna katresnanipun, memayu hayu bawana.

25. Bawana rinakit wingking, handadosna kawuningan, cinipta kagem papane, para tumitah sajuga, sakdurunge manungsa, tumedak ing donya iku, titah kang liya wus ana.

26. Sawusna pepak sakalir, nembe manungsa cinipta, pranyata purna anane, purna sempurnaning titah, datan mada manungsa, awit manungsa satuhu, ngemot citraning Pangeran.

27. Pangeran Kang Maha Asih, tansah mayungi rasanya, marma tentrem pinanggihe, sak mobah mosiking rasa, ngenut jantraning lakon, dadya karenane sampun, sempurna nggonnya ngibadah.

28. Purna ngibadahe janmi, yen sampun prapteng wancinya, marak sowan mring gustine, awit tinimbalan marak, sowan ngarsa Pangeran, tilar donya lan sedarum, mlebet alam kelanggengan.

29. Langgeng anggennya manunggil, wusnya ngagem pralampita, dumeling saking uripe, ngrasuk pawiwahan brata, mangestu tunggal jiwa, kalayan Purwaning Hayu, Gusti Purwaning Lelakon.

30. Lelakon panunggal karsi, jumbuh sajrone lelampah, memangun karya enake, manungsa jroning bebrayan, urip ing alam donya, dadya hayu kang rumuhun, alap ingalapan pedah.

31. Pedah apa mangun karsi, karyenak tyasing sesame, mertobat jroning rasane, gawe padang lan tumrawang, padang aneng paningal, kang katingal yekti amung, guyub rukun bebarengan.

32. Bebarengan kabeh sami, nulad citraning Pangeran, kang gumelar aneng kene, pratanda yen sira pada, kekasihe Pangeran, kang wus mengku budi luhur, pono wikan saliring bab.

33. Wikan samubarang kalir, sabarangreh kang gumelar, warata sajagad gede, sarehne jejering titah, among rasa bebrayan, becik den persudi mungguh, tumrape wong sabuwana.

34. Sabuwana among siji, Gusti sesembahanira, Allah Ingkang Welas Asih, katarima panyuwunnya, pada antuk sarana, nggonira darbe panyuwun, welas asih mring sesama.

35. Samapta sajroning diri, ngancik zaman kalanggengan, tata tata sakabehe, gawenen tentrem ing gesang, wiwit ing alam donya, wiwitana kanti twajuh, gawe enake bebrayan.

36. Den bebraya samukawis, marang sakehing lelampah, murih enteng junjungane, lelakone pra manungsa, keparenge Pangeran, nganggo dasar tresna laku, hanindakna manjing rasa.

37. Rasa Jati mengku karsi, mujudake kasampurnan, kang dadi cipta jatine, ciptane pinanggih mulya, donya tumekeng mbenjang, sayekti lamun wus kondur, dateng alam kalanggengan

38. Langgeng datan owah gingsir, sajrone bebrayan gesang, rina wengi mrih purnane, anggon ngemban dawuh Allah, murih tentreming jagad, rahayu sabuwana gung, rahayu kabeh kang gesang.

39. Sangkan Paraning Dumadi, purwaning sira dumados, kagelar urip ing kene, becik sigra prayitna, hanampani nugraha, kang tedake saben dalu, wahyu pambukeng warana,

40. Warana binukeng titi, wus tumeka ing wancinya, sastra piwulangreh wenteh, wus terwaca panyeratnya, dedalane agesang , wus manunggal budi luhur, aneng rasa jatinira..

Mustikaning bebrayan yekti kapirsan saka anggone mbudi daya panunggaling cipta rasa lan karsa saiyeg saeka praya saiyeg saeka kapti hambangun Padaleman Suci aneng sajroning kalbu weninge sagung dumadi lan iya krana mangkono dadi lelantaran tumurune kanugrahan Pangeran marang para jalma manungsa kang yekti katingal saka anggone pada urip rahayu wilujeng tentrem mong kinemong ing samukawis langgeng tumeka aneng zaman kalanggengan. .

C..HAMBANGUN PADALEMAN SUCI

Mungguh padaleman suci miderek saking pangertosaning ngakatah punika utamanipun inggih papan ingkang minangka sarana lan prasaraning manembah, kados dene mesjid, greja, wihara lan sanes sanesipun. Dene ingkang dipun maksud padaleman suci wonten ing seratan punika sayektos kita piyambak, jejering manungsa ingkang gesang dados patunggilaning dzat Pangeran Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Pramila sumangga lumebet manjing salebeting alam batos nyingkur sawatawis babagan kelahiran.nulad dumateng citraning Gusti ingkang sajuga kinarya lantaran saged tuntas pambabaring panyeratan hambangun padaleman suci.

1. Panyerat sastra sumirat, nyebrat ngruwat dedaging sawatawis, lumebet telenging kalbu, nulad citraning Allah, hanetepi suba sitaning ngaluhur, manembah marang Pangeran, kang lenggah ing kalbu wening.
2. Weningna patraping driya, driyasmara kasmaran ngudi ngelmi, sempurneng panembahipun, ngemuti jejering titah, ingkang kebak dosa hatanapi luput, murih antuk pangaksama, dadya suci kang pinanggih.
3. Inggih dzat panglebur dosa, ingkang tuhu tresna lan welas asih, punapa pamintanipun, satemah pinaringan, sagung dosa lan sakatahing luput, krana asmaning Pangeran, ingaksama tanpa kari.
4. Karoban sihing Pangeran, kang makarya wonten telenging ati, ing hamperu papan dunung, dunungnging pangulah lampah, wijiling kautaman panuntunipun, murih hayu kang pinanggya, sinangga laku utami.
5. Utamane kang wineca, dening Dzat Pangeran kang wigati, heh ta sira ananIngsun, aja pijer was sumelang, iki Ingsun nedakna piwulang luhur, minangka anggon makarya, mbangun padaleman suci.

6. Sucining pribadinira, mengku karsa panunggaling laku tami, utamane wong mbeguru, sempurnaning lelampah, murih gesang suci saklaminipun, prayoga sabar narima, welas asih mring sesame.
7. Sesami samining lampah, kasingkirna hambeg seriking ati, gawenen tentrem sedarum, kang gumelar ing jagad, den jejerana lungguhe pra panuntun, kang pada aweh papadang, marang sesamining urip.
8. Uripe patang perkara, perkarane murih kabeh bisa uning, kapisan ngemot pandulu, putusing cakrawala, wewalere amung aywa darbe ngungun, marang pamoring Suksma, minangka pangulah ngelmi.
9. Ngelmu iku kang sanyata, nyata lamun ingudi kanti tapis, tatas buntas ing pandulu, pantoging cakrawala, wewadine wus tan ana kang kadulu, kabeh padang temrawangan, tan samar pamoring urip.
10. Rinipta munggweng panutan, tinumbase amung krana prihatin, handadekna sarwa hayu, ingkang pada miyarsa, endi pantoge pangrungu kang satuhu, dumunung alam sumpena, penandang laku prihatin.
11. Tinimbalan uripira, rawuh ngabyantara ngarsane Gusti, tiniti resmining kidung , dungkap wanci pisowan, wawan sabda kalayan Sang Jati Guru, rumeksa sempurneng lampah, lumampah ing alam ghaib.
12. Ghaibing Pangeranira, rahayune pangulah kang kaping kalih, lelimbangen jroning kalbu, binarung kaluhuran, luhur drajat mokal yen mada Hyang Agung, anggung suka ing manah, mangulah ngelmu binangkit.
13. Binarung sagung pepuja, puja puji pepujan pancering urip, urip langgeng jroning nggayuh, gegayuhan kang nyata, sanyatane dalem suci binangun, ngagem panunggal karsa, sempurneng urip lan pati.
14. Pati uripe pra janma, jaman iki nganti tumeka benjing, jinabat janturing juntrung, jimangkung mring Pangeran, ugemana paugeran jroning kalbu, bebukaning pambuka, bangun Padaleman Suci.
15. Katelu pustakeng rasa, rasa jati pangukiring kalbu wening, ing madyaning laku luhur, luhuring pangulah rasa, sejarahe ywa kongsi tinilar sampun, iku tetilaranira, leluhur makina nguni.
16. Unine jangka winaca, caraka gung tumedak ing Tanah Jawi, Jawa jumejering Wahyu, yuwana saliring lampah, lelampahan ngudi wahyu tumurun., tumedak manjing sajiwa, sagung titah laku tami.
17. Minangka pungkasan nyerat, prekawis gesang kaping pat puniki, pikantuk palilahipun, Guru jati sarana, nadyan namung winastan purwaning hayu, rahayu anggen dedana, dedarma wiji utami.
18. Wiji utami tinampa, ambak ambak amung wijangan wiji, wiji Gusti Maha Gung, kang dadi sraneng gesang, sangsaya dangu saya ngrembuyung, ngrembaka ngebaki jagad, jagad agung jagad alit.
19. Linambaran pangawikan, pamrayogi dumateng pangulah kardi, dimen purna lelabuh, lelabuhan kang nyata, tansah anggung gumarunggung ngudi luhung, nggayuh tedaking nugraha, hayu sempurneng dumadi.
20. Dumadiya kang cinipta, cipteng manah amung minangka saksi, sinaksenan sedarum, rumeksaning kaywanan, nadyan saksi nanging ugi kang ngatur, aneng jaman pengadilan, langgeng datan owah gingsir.
21. Sir pandulu pamiyarsa, myang pangganda pangrasa miwah pangesti, tinampa kanti twajuh, tan ana ingkang gotang, tanggung jawab dumunung aneng Panuntun, panetep panata gama, gumelaring jaman akhir.
22. Akhirulkalam panyerat, pawiwahan mbangun padaleman suci, cinumponan mring Hyang Agung, bebarengan Pangeran, rinten dalu damel resep ingkang srawung, sesarengan halelampah, panunggal kawula Gusti

(bersambung)

1 comment so far

  1. st budhi pr on

    Kulo kaparenga ndereh ngudi kawruh. nuwun


Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.